TUGAS BAHASA JAWI
Disusun untuk Memenui Tugas Mata Kuliah Bahasa Jawi
Dosen
Pengampu
Sunardi,
M.Si
Oleh:
Afid
Andi Sonata (1220717037)
PENDIDIKAN
BAHASA DAN SASTRA INDONESIA
SEKOLAH TINGGI KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
PACITAN
2013
BEKUKANING ATUR
Assalamu’alaikum
Waahmatullahi Wabrakatuh.
Poro sederek ingkang
minulyo, kanti ngunjukaken puji-puji pundyastuti dhumateng ngersaning Gusti
Allah SWT, ingkangsampun paring rahmat, saenggo saged ngracik reroncening
makalah puniko. Wungsono makalah ingkang gadah nami PEPERANG BRATAYUDHA
JOYOWINANGUN puniko saget kunjuk ing asta Bapak Dosen,
a.
Bapak Sunardi,
M.Si geh puniko dosen pengampu mata kuliah bahasa jawi.
Ing makalah puniko namung
ngemot pathi sarinipun wonten penelitian kulo dumugi poro dalang ingkang menehi
atur, sehinggo biso kulo dadekaken makalah. Pramilla saking punika pangripta
taksih nyuwun supados Bapak Dosen mbok menawi kula damel makalah niki gadah
kalepatan, nambahi atur lan bahasa ingka dereng pas kula nyuwun ngapunten sakageng-agengnipun
amergi ilmu bahasa jawi kula taksih cetek.
Minangka tutuping atur,
pangripta purun nampi makalah ingkang kulo damel niki, jer kanthi mekaten
punika tamtu bade saget pikantuk
tambahing seserepan lan indaking pamanggil.
Wasana bilahit taufik wal
hidayah.
Wasalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakatu
Pacitan, 17 Juni 2013
Penulis
ISI BUKU
BEBUKANING ATUR.................................................................................. i
ISI BUKU........................................................................................................ ii
BAB I.. : PENGAJENG
A.
Silsilah ......................................................................................... 1
B.
Underaning Perkoro .................................................................... 1
C.
Tujuane ........................................................................................ 1
BAB II.. : MBAHASAKE
A. Ingkang
Diarani Perang Bratayudah Jayabinangun...................... 2
B. Masalah
Ingkang Diadepi Perang Bratayudha Jayabinangun ...... 2
a. Awale
Cerita Ing Negari Ngastina lan Kurawa................. 2
b. Ingkang
Tumut Perang lan Korban Bratayudha................ 3
c. Pandawa
Ngamuk Amerga Ngastina Dicekel Kurawa...... 4
d. Akhire
Pandawa lan Kurawa............................................. 5
C.
Sakbare Perang Bratayudha Jayabinangun ................................... 5
a. Akhir
Perang Bratayudha Jayabinangun............................ 5
1.
Prabu Puntadewa diserang Prabu Salya........................ 5
2.
Sengkuni Mati Neng werkudhara................................. 6
3.
Prabu Kresna Nggoleki Baladewa................................ 6
4.
Duryudhana Delek Lantaran wedhi Mati..................... 7
b. Duryudhana
Ngiwiti Perang ambi Werkudhara lan Kalahe Duryudhana neng tangane werkudhara............................................................................................ 7
1.
Duryudhana Perang Tanding Marang
Werkudhara...... 7
2.
Rampung Perang Bratayudha Jayabinangun................ 7
BAB III. :
NUTUPKE
A. Nyimpulake................................................................................... 8
B. Nyaranake...................................................................................... 8
RIWAYATE
DALANG olehe SUMBER ....................................... 9
BAB
I
PENGAJENG
A.
Silsilah
Kathah sekalian kitho ingkang dereng ngrtas wiwit
peperangan gede nggeh punika Perang Bratayudha Jayabinangun, peperangan niki
kathah lakon-lakon ingkang gagah prakosa nanging peteng dalane amergi ngerebutke
kekuasane ing negari amarta. Kulo anggadah tugas damel makalah nggeh puniko
nyaritakaken peperangan wonten pagelaran wayang kulit.
Sakderenge kulo didawuhi sowan dateng geriyo nipun
bapak dalang tujuan kulo tanglet lan neliti peperangan Bratayudha Jayabinangun,
amergi cerito niki kathah bentene lakon lan alur cerito puniko, amergi di
selarasaken dumateng poro dalang ingkang sampun mangertosi cerito nipun.
Wonten makalah niki kulo badhe nyritakake masalah
peperangan lan amergi kedadosan perang sebabpe menopo. Cerito perang puniko
ghadahi masalah ingkah dereng di tuntasaken amergi cerito puniko kathah lakon
ingkah ngerebutake tahtha amergi ngerebut ake sampek nindakake perang ingkang
gadah nami Perang Bratayudha Jayabinangun.
Senajan perang puniko mboten saget dipisah amergi perang
puniko biso dijenengke perang sedulur, amergi lelakone takseh gadhah gandeng
ceneng sedulur kiambak. Amergi kedadosan perang, biso kulo selaras aken nggeh
puniko,
B. Underaning Perkoro
1. Seng
diarani Perang Bratayudha Jayabinangun?
2. Masalah
wonten Perang Bratayudha Jayabinangun?
3. Sakbare
Perang Bratayudha Jayabinangun?
C.
Tujuane
1. Ngertosi
ingkang diarani Perang Bratayudha Jayabinangun?
2. Ngertosi
masalahe Perang Bratayudha Jayabinangun?
3. Ngertosi
sakbare Perang Bratayudha Jayabinangun?
BAB
II
MBAHASAKE
A.
Ingkang
Diarani Perang Brotoyudho Joyobinangun
Perang Brotoyudho Joyobiangun yaiku perang seduluran yaiku
perang negari ngastina lan negari kurawa disebake amergo para kurawa ora gelem
menehake negari ngastina sengwes dadi jatahe para pandawa. Bareng para kurawa ora
gelem menehake, Pandawa ora trimo gugat kurawa lan dadi perang sengdi arani Perang Brotoyudho
Joyobiangun.
Sakteruse perang
tanding akeh lakon seng mati ning medang pertempuran Perang Brotoyudho. Para
Pandawa jengkel amergo jatahe warisan di rebut kurawa, lan pandawa akhire bisa
ngrebut seng dadi hake Pandawa.
B.
Masalah
ingkang diadepi Perang Brotoyudho Joyobinangun
a. Awale
Cerita ing Negari Ngastina lan Negari Kurawa
Negari ngastina dipimpin mandhita Begawan Abiyasa yaiku Ratu
Ngastina jejuluh Prabu Kresna Dwipayana, duwe anak telu, Raden Destarastra,
Raden Pandhudewanata lan Raden Widura. Raden Destarastra mripale wuta. Raden
Pandhu gulune lengeng. Raden Widura sikile gejik. Anake ratu Ngestina
telu-telune cacat. Gandheng Raden Destarastra wuta mula ora dadi ratu. Sing
madeg ratu ing negari ngastina Raden Pandhu,
Jejuluke Prabu Pandudewanata.
Raden Destarastra ingkang wuta iku mau nyekel negari kurawa,
prabu Pandu muleh lan nggowo wanita songko telung negari, yaiku Kunti, Gendari
lan Madrim. Gandeng Raden Destarastra iku wuta nyang prabu Pandu dikon milih,
lan milih Gendari seng arep dipek bojo, Gendari duwe adie seng jenenge
Sengkuni. Ahkire Gendari ngelahirke anak 100, lanang 99 lan wedoke 1, seng di
arani kurawa.
Raden Pandu duwe anak limo lanang kabeh seng diarani pendawa
lima yaiku Raden Puntadewa, panenggake Raden Bratasena, penengahe Raden Janaka
banjur kembar Raden Nakula lan Raden Sadewa. Bareng Raden Pandu mati naliko
anake ijek cilik, Ngastina di pasrahke marang adipati Destarasta. Gendari lan
adine Sengkuni ngemong anake seng jenenge kurawa, ajo nganti akur karo anake
pandu. Sakbare pandu mati lan anake ijek cilik, pandawa kerep di mungsuhi karo
kurawa lantaran sengit ambi ngastina. Gendari biso senget ambi ngastina
lantaran, biyen Raden Pandudewanata ora mileh Gendari seng dipek bojo amergo
kwi Gendari senget lan ngewanti-wani nek anake bakal ngorak arek ngastina lan
ora bakal akur Kurawa lan Pandawa.
Bareng Pandawa kalah dadu, para Pandawa diwenehi hukuman
yaiku dikon lungo nyang alas gedhe seng jenenge alas gede Kamiyaka ora oleh
bali nganti 12 tahun. Sakteruse di kei ganjaran maneh nyamar dadi wong susah
uripe kurang ing negari Wirata. Bareng wes entek ganjarane pas dadu dekemben
Pandawa bali muleh niliki omahe.
Seng jenenge pendawa yaiku mau nuntut jaluk warisan
wongtuane. Para kurawa ora ngulungake utowo ora menehne. Pungkasane dadi perang
gedhe kang diarani perang Barathayudha Jayabinangun. Perang rebutan warisan
jalaran padha murkane.
b. Ingkang
Tumut Perang Lan Korban Perang Brotoyudho
Ingkang
tumut perang yaiku putra prabu Pandu, Pandawa Lima lan sekutune dipimpin
Yudistira lan putra Raden Destarasta satus Bala Kurawa ingkang dipimpin
Duryodono.
Korban,
1. Pandawa,
kabeh prajurit podho mati, kari 7 senopati seng jek urip yaiku Pandawa,
Yuyutsu, lan Satyaki,
2.
Kurawa, kabeh prajurite gabung melu Pandawa. Kari 3
senopati seng ijek urip yaiku Aswatama, Krepa, lan Kertawarm. Pas peperangan
Duryudana dikabarke mati pas digoleki mayite durung ketemu.
c. Pandawa
Ngamuk Mergo Ngastina di Cekel Kurawa
Para Pandawa ngerti nek Ngastina ora bakal di balekne nyang
Pandawa, amergo iku Pandawa bentuk pimpinane perang yaiku Resi Seta lan
pendampinge Resi Seta yaiku sayap tengen Arya utara lan sayap kiwo Arya
Wiratsangka. Telung kesatrio yaiku mau wes diakui tangguh ing kerajaan Wirata sehingga
melu perang dukung Pandawa. Pandawa ngiwiti perang nganggo siasat brajatikswa seng artine nganggo gaman seng landep dienggo mateni
Kurawa.
Saklanjute para Kurawa ngangkat pimpinan
perang yaiku Resi Bisma ngejak bolo seng jenenge pendeta Drona lan prabu salya,
yaiku raja kerajaan Mandaraka seng dukung Kurawa. Kurawa nganggo teknik perang yaiku Wukirjaladri seng artine gunung samudra. Waktu perang Arya Utara mati neng tangan Prabu Salya sakteruse Arya
Wratsangka mati nggone Pendeta Drona. Bisma
nganggo gaman
Aji Nagakruraya, Aji Dahana, panah Naracabala, Panah kyai Cundarawa, lan gaman
Kyai Salukat, perang karo Resi Seta nganggo gaman gada Kyai Lukitapati, neruske
nyang matine seng nyedaki deke. Perang padha tangguhe dilakokke imbang amerga
pada kuate lan apek, sehingga akhire Bisma bisa ngerampungake perang Resi Seta
mati.
Bareng pimpinan perang Pandawa mati lan kepercayaane mati. Pandawa sakteruse ngangkat Drestadyumna dadi pemimpin perang. Selanjute Bisma tetep
dadi pemimpin perang. Sakteruse antara pandawa ambi kurawa nganggo siasat
perang seng podho yaiku Garuda terbang.
Pas tempur bolo kurawa Wikataboma lan kembarane, Bomawikata, mati
sakbare sirahe diadu Bima. Sementoro iku rojone sekutu Kurawa mati pas tempur.
yaiku Prabu Sumarma, raja Trigartapura mati neng tangan Bima, Prabu Dirgantara mati
neg Arya Satyaki, Prabu Dirgandana mati ning tangan Arya
Sangasanga (putra Setyaki), Prabu Dirgasara lan Surasudirga mati ning tangan Gatotkaca, lan Prabu Malawapati, raja Malawa mati kenek
panah Hrudadali duweke Arjuna.
Bisma ngerti koncone podo mati mulakno deke melaju perang,
sakteruse Bima ngempur mungsuhe lan nandingi seng dihadepi. Merga diwenehi
weruh Kresna, Pandawa langsung ngirem Dewi Wara Srikandi melaju perang ngadepi Bisma. Senajan tekone
prajurit wanita iku, Bisma kroso nek deke biyen dikutuk bakal mati neng tangane
bojone dewe, amergi biyen Bismo mateni Dewi Amba. Bisma sido mati neng tangane
bojone nganggo perantoro pananhe Arjuna.
Senajan Kurawa wes
bingung amergo prajurite podho gugur. Prabu Duryudana murka tetep ora gelem
mbalekake tahtane Pandawa. Negari Ngastina sanajan mung dijaluk separo negara.
Prabu Puntadewa ya murka, wis duwe negara isih kemelikan njaluk negara warisan
pungkasane perang Barathayudha ijek terus. Duryudhana melu perang lan Duryudana
dikabarke mati neng pertempuran. Kabare Duryudana mati sehinggo Pandawa goleki
mayite, tapi ora ketemu.
d. Akhire
Pandawa lan Kurawa
1. Pandawa
wes ngerasakake merga perang wes numpakake geteh ingkah taksih gadah gandenge
kaleh sedulur geh puniko kaleh kurawa
2. Amerga
perang sedulure Pandawa, prajurit lan senopati-senopatine mati mbela Pandawa
3. Bareng
wes perang rampung Pandawa pengen mbalekne suasano, nggolek dalan seng alus ben
ora numpahake geteh meneh
4. Pandawa
ngerasa nek wes durhaka ambi wongtuane seng wes ngedidik ket cilik, meskio
ditinggal mati Prabu Pandu lan kedaden perang sedulur seng ora di karepake iki
seng di arani Perang Bratayudh.
C.
Sakbare
Perang Bratayudha Jayabinangun
a.
Akhir Perang Bratayudha
Jayabinangun
1.
Prabu
Puntadewa diserang Prabu Salya
Prabu Puntadewa diserang
Prabu Salya ngiwiti perang. Prabu Salya duwe aji-aji seng jenenge candhabhirawa
yaiku aji-aji seng biso ngetokake bongso dedemit ingkang kerdil lanbiso tambah
akeh. Prabu Puntadewa, prajurit-prajurite wes rapet lan sinopati yaiku Arjuna
lan Werkudara wes ngamanke Prabu Puntadew, sakteruse paraparjurite Puntadewa
lan senopatine ngeculake panah ingkang banter kemricik koyo miline banyu udan
sehingga panah kuwi mau ngeneki poro candhabhirawa.
Candhabirawa mecah dadi
atusan utawa ewon amergi kenek panah prajurite puntadewa. Para prajurite
bingung lan podho mlayu amerga keweden kokbisa dadi semono akehe, lan Kresno
meling nyang prajurit-prajurit ojo diterusake lehmu nyerang poro Candhabirawa.
Banjur seranganne prajurit kimau wes mandhek. Para candhabirawa melu ngndhekke
serangan mergo ngerti prajurite puntadewa ngendhekke serangan.
Sakbare kwi mau para
candahabirawa kelingan marang sesembahane biyen nek Prabu Puntadewa kwi sesembahan
engkang sabar lan tresna marang sengdi duweki. Bareng candhabirawa kelingan nek
prabu salya wes ratau gelem ngerukun dheke, candrabirawa pindah lan mlebu
ragatte prabu puntadewa. Bareng prabu Salya weruh nek aji-ajine pindah nyang mungsuhe,
salya ngamuk lan peteng atine.
Prabu Puntadewa nyiapke
panah pusako Jamus
Kalimasaddo di luncurake panah nyang dodone Salya, sehingga salya ambruk
kenekan panah Prabu punta. Banjur prabu salya wes ketancep panah. Salya mati
neng duwure gajah seng wes mati.
2.
Sengkuni
Mati Neng Tangan Werkudara
Arya Sengkuni ngamuk lan golek perhatiane Prabu Kresna
lan Werkudara seng siaga hadepi suasana seng bakal kedaden. Breng sengkuni
ngamuk Werkudara maju ngeladeni arya sengkuni, Werkudara di cegat kurawa seng kari
20 mau banjur di amuk werkudara kurawa lebur ajur lan Sengkuni di cekel sikila
sirahe enek ngsor lan werkudara ngtokne aji kukune seng diarani kuku pancanaka.
Sakbare kuwi Sengkuni di sigar awake lan mati neng tangane Wekudara.
3.
Prabu
Kresna nggoleki Baladewa
Esuk-esuk prabu kresna
wes siap arep mangkat nyang pertapaane Baladewa, tekan neng pertapaan Kresna
bisikne ajipameling. Baladewa tangi lan takon kabare pendawa lan kurawa. Bareng
Baladewa ngerti nek Kurawa wes entek-entekan amerga perang sedulur. Kresna
ngejak Baladewa nggoleki Duryudana seng wes dikabarke mati tapi jasadte durung
ketemu. Duryudhana yaiku adine Baladewa.
4.
Duryudana
Dhelek Lantaran Wedi Mati
Baladewa lan Kresna mlaku ngubengi kali,
Kresna weruh Gajah seng gon awake enek klambina lan ghamene prabu duryudana.
Sakteruse Kresna meling nyang Baladewa nek duryudhana delek ono kali. Baladewa
nyeluki Duryudana, lan ngejak muleh bali nyang ngastina. Lantaran atine
Duryudana murka amerga kesombongane, Duryudana ora trima nek ngastina di
ikhlaske nyang Duryudana lantaran Pandawa wes pengen sedulure phada apek.
Duryudana nekat jaluk perang, mungsuh seng imbang ambi dheke yaiku Werkudara.
b.
Duryudhana Ngiwiti Perang Ambi
Werkudhara lan Kalahe Duryudhana neng tangane Werkudhara
1.
Duryudhana
Perang Tanding Marang Werkudhara
Duryudhana
wes siap ngadhepi werkudhara seng ket mau wes siap nampo aji-ajine duryudhana.
Sakteruse duryudhana nyamber werkudhara nganggo penggada, werkudhara mlaku
nyamping lan ngerti nek duryudhana wes ngiwiti perang mulakna werkudhara siap
nganggo ajian bandung bandhawasa yaiku ilmu seng ngelindungi wujud gadagne.
Banjur duryudhana nyerang terus ajiane werkudhara bandung bandhawasa iku seng
gawe merisai awake wes arep ambyar. Ilmune duryudhana kawujud koyo pusarane
angin seng keno ngulu werukhara.
Werukdhara ket mau wes njajaki
ilmune duryudhana nganti antemanne ilmune wong loro kimau kewujud angin gedhe
seng gawe werkudhara melbu pusarane angin. Bareng perang wes padha ngetokne
ajiane. Banjur duryudhana nyolot munggah sikile kenek ghadane werkudhara seng
abote kaya gunung di rangkep telu. Duryudhana mati ketiban ghadane werkudhara.
c.
Rampung Perang Bratayuha Jayabinangun
Sakbare perang
lan Werkudhara wes ngalahke Duryudhana seng wes awake remuk ajur lan duryudhana
dimakamke. Pandawa bali nyang panggone gek ngerembuk makmure negari Ngastina
lan Kurawa sakbare ngerebutake seng wes nglibatke pembantean poro sedulure.
BAB III
NUTUPKE
NYIMPULAKE
Perang
Brathayudha Jayabinangun bisadiartek ake perang sedulur amerga ngerebutake
warisane phara wongtuane yaiku ngastina lan kurawa. Amergha wongtuane Pandawa
yaiku Prabu Pandudewanata mati ghek ngastina di pasrahke kurawa dichekel Prabu
Destarastra perjanjianne nek Pandawa wes gedhe arep dibalekake nyang pandawa.
Lantaran Kurawa ora seneng ambi pandawa, bareng pandawa wes gedhe jaluk
warisane wongtuane bali tapi ra diwenehke nyang kurawa banjur kedaden perang
yaiku perang bratayudha.
Akheh seng mati
neng perang, yaiku ewonan prajurit antara Pandawa lan Kurawa padha mati
lantaran bela Kurawa, Patih lan senapatine ugha akeh seng mati. Perang
Bratayudha kwi mau wes takdirke bakal kelaksano amerga kwi wes thakdire Dewa
seng rakena dibatalake. Kurawa seng cacahe ana satus yaiku mau kalah ambi
Pandawa seng cacahe ana lima. Akhire kuncine negari ngastina lan kurawa yaiku
Prabu Duryudhana di goleki lan bareng ketemu karepe pandawa arep ngjak damai,
nanging Duryudana ora gelem. Dadine Duryudana ngjak perang Pandawa ijen ngejak
Werkudhara, bareng perang Duryudhana khenekan ghadane Werkudhara sehingga mati.
Sakbare kwi Pandawa menang lan nyekel Ngastina lan Kurawa.
RIWAYATE DHALANG
Olehe SUMBER
PERANG
BRATAYUDHA JAYABINANGUN
Kiy Dalang Wakiman yaiku dhalang ingkhang
wonten telathah Desa Punung, Kecamatan Punung, Dusun Margoreja. Kiy Dhalang
Wakiman yaiku dhalang kagem ruwatan, ngeresiki pekarangan lan ngusir sengkhala.
Mbah Wakiman niki mboten kondang kayo dhalang-dhalang liyana amergi
keterbatasane alat, nanging saking bapake riyen diwarisaken wayang radi
komplit, nanging sakiniki sampun lawas. Dhalang niki saking riyen sampun turun temurun, kiwit
wongtuane takseh sugheng sampun nglaksanakaken dhalang, ampuhe dienghe ngruwat
lang ngilangi sengkala, bareng wongtuane sampun sedha bakatthe dhalang
diwareske nyang anake yaiku mbah Wakiman. Kiy dhalang Wakiman niki tiange
sampun sepuh, saben dinana diaghem datheng whono. Kiy dhalang wakiman sakniki
mboten wonten ingkang nerusake bakate dhalang amergi putra-putrane mboten
wonthen seng purun.
No comments:
Post a Comment