Saturday, 1 March 2014

PEPERANG BRATAYUDHA JOYOWINANGUN


TUGAS BAHASA JAWI
Disusun untuk Memenui Tugas Mata Kuliah Bahasa Jawi
Dosen Pengampu
  Sunardi, M.Si

Oleh:

Afid Andi Sonata              (1220717037)



PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA INDONESIA
SEKOLAH TINGGI KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
PACITAN
2013


 
BEKUKANING ATUR

Assalamu’alaikum Waahmatullahi Wabrakatuh.
Poro sederek ingkang minulyo, kanti ngunjukaken puji-puji pundyastuti dhumateng ngersaning Gusti Allah SWT, ingkangsampun paring rahmat, saenggo saged ngracik reroncening makalah puniko. Wungsono makalah ingkang gadah nami PEPERANG BRATAYUDHA JOYOWINANGUN puniko saget kunjuk ing asta Bapak Dosen,
a.              Bapak Sunardi, M.Si geh puniko dosen pengampu mata kuliah bahasa jawi.
Ing makalah puniko namung ngemot pathi sarinipun wonten penelitian kulo dumugi poro dalang ingkang menehi atur, sehinggo biso kulo dadekaken makalah. Pramilla saking punika pangripta taksih nyuwun supados Bapak Dosen mbok menawi kula damel makalah niki gadah kalepatan, nambahi atur lan bahasa ingka dereng pas kula nyuwun ngapunten sakageng-agengnipun amergi ilmu bahasa jawi kula taksih cetek.
Minangka tutuping atur, pangripta purun nampi makalah ingkang kulo damel niki, jer kanthi mekaten punika tamtu  bade saget pikantuk tambahing seserepan lan indaking pamanggil.
Wasana bilahit taufik wal hidayah.
Wasalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatu



Pacitan, 17 Juni 2013

Penulis



ISI BUKU

BEBUKANING ATUR.................................................................................. i
ISI BUKU........................................................................................................ ii
BAB I.. : PENGAJENG
A.         Silsilah ......................................................................................... 1
B.          Underaning Perkoro .................................................................... 1
C.          Tujuane ........................................................................................ 1
BAB II.. : MBAHASAKE
A.       Ingkang Diarani Perang Bratayudah Jayabinangun...................... 2
B.       Masalah Ingkang Diadepi Perang Bratayudha Jayabinangun ...... 2
a.       Awale Cerita Ing Negari Ngastina lan Kurawa................. 2
b.      Ingkang Tumut Perang lan Korban Bratayudha................ 3
c.       Pandawa Ngamuk Amerga Ngastina Dicekel Kurawa...... 4
d.      Akhire Pandawa lan Kurawa............................................. 5
C.        Sakbare Perang Bratayudha Jayabinangun ................................... 5
a.       Akhir Perang Bratayudha Jayabinangun............................ 5
1.      Prabu Puntadewa diserang Prabu Salya........................ 5
2.      Sengkuni Mati Neng werkudhara................................. 6
3.      Prabu Kresna Nggoleki Baladewa................................ 6
4.      Duryudhana Delek Lantaran wedhi Mati..................... 7
b.      Duryudhana Ngiwiti Perang ambi Werkudhara lan Kalahe Duryudhana neng tangane werkudhara............................................................................................ 7
1.      Duryudhana Perang Tanding Marang Werkudhara...... 7
2.      Rampung Perang Bratayudha Jayabinangun................ 7
BAB III. : NUTUPKE
A.      Nyimpulake................................................................................... 8
B.       Nyaranake...................................................................................... 8
RIWAYATE DALANG olehe SUMBER ....................................... 9


BAB I
PENGAJENG

A.         Silsilah
Kathah sekalian kitho ingkang dereng ngrtas wiwit peperangan gede nggeh punika Perang Bratayudha Jayabinangun, peperangan niki kathah lakon-lakon ingkang gagah prakosa nanging peteng dalane amergi ngerebutke kekuasane ing negari amarta. Kulo anggadah tugas damel makalah nggeh puniko nyaritakaken peperangan wonten pagelaran wayang kulit.
Sakderenge kulo didawuhi sowan dateng geriyo nipun bapak dalang tujuan kulo tanglet lan neliti peperangan Bratayudha Jayabinangun, amergi cerito niki kathah bentene lakon lan alur cerito puniko, amergi di selarasaken dumateng poro dalang ingkang sampun mangertosi cerito nipun.
Wonten makalah niki kulo badhe nyritakake masalah peperangan lan amergi kedadosan perang sebabpe menopo. Cerito perang puniko ghadahi masalah ingkah dereng di tuntasaken amergi cerito puniko kathah lakon ingkah ngerebutake tahtha amergi ngerebut ake sampek nindakake perang ingkang gadah nami Perang Bratayudha Jayabinangun.
Senajan perang puniko mboten saget dipisah amergi perang puniko biso dijenengke perang sedulur, amergi lelakone takseh gadhah gandeng ceneng sedulur kiambak. Amergi kedadosan perang, biso kulo selaras aken nggeh puniko,
B.     Underaning Perkoro
1.      Seng diarani Perang Bratayudha Jayabinangun?
2.      Masalah wonten Perang Bratayudha Jayabinangun?
3.      Sakbare Perang Bratayudha Jayabinangun?
C.    Tujuane
1.      Ngertosi ingkang diarani Perang Bratayudha Jayabinangun?
2.      Ngertosi masalahe Perang Bratayudha Jayabinangun?
3.      Ngertosi sakbare Perang Bratayudha Jayabinangun?

BAB II
MBAHASAKE

A.         Ingkang Diarani Perang Brotoyudho Joyobinangun
Perang Brotoyudho Joyobiangun yaiku perang seduluran yaiku perang negari ngastina lan negari kurawa disebake amergo para kurawa ora gelem menehake negari ngastina sengwes dadi jatahe para pandawa. Bareng para kurawa ora gelem menehake, Pandawa ora trimo gugat kurawa lan dadi  perang sengdi arani Perang Brotoyudho Joyobiangun.
Sakteruse perang tanding akeh lakon seng mati ning medang pertempuran Perang Brotoyudho. Para Pandawa jengkel amergo jatahe warisan di rebut kurawa, lan pandawa akhire bisa ngrebut seng dadi hake Pandawa.
B.          Masalah ingkang diadepi Perang Brotoyudho Joyobinangun
a.    Awale Cerita ing Negari Ngastina lan Negari Kurawa
Negari ngastina dipimpin mandhita Begawan Abiyasa yaiku Ratu Ngastina jejuluh Prabu Kresna Dwipayana, duwe anak telu, Raden Destarastra, Raden Pandhudewanata lan Raden Widura. Raden Destarastra mripale wuta. Raden Pandhu gulune lengeng. Raden Widura sikile gejik. Anake ratu Ngestina telu-telune cacat. Gandheng Raden Destarastra wuta mula ora dadi ratu. Sing madeg ratu ing negari ngastina Raden Pandhu,  Jejuluke Prabu Pandudewanata.
Raden Destarastra ingkang wuta iku mau nyekel negari kurawa, prabu Pandu muleh lan nggowo wanita songko telung negari, yaiku Kunti, Gendari lan Madrim. Gandeng Raden Destarastra iku wuta nyang prabu Pandu dikon milih, lan milih Gendari seng arep dipek bojo, Gendari duwe adie seng jenenge Sengkuni. Ahkire Gendari ngelahirke anak 100, lanang 99 lan wedoke 1, seng di arani kurawa.
Raden Pandu duwe anak limo lanang kabeh seng diarani pendawa lima yaiku Raden Puntadewa, panenggake Raden Bratasena, penengahe Raden Janaka banjur kembar Raden Nakula lan Raden Sadewa. Bareng Raden Pandu mati naliko anake ijek cilik, Ngastina di pasrahke marang adipati Destarasta. Gendari lan adine Sengkuni ngemong anake seng jenenge kurawa, ajo nganti akur karo anake pandu. Sakbare pandu mati lan anake ijek cilik, pandawa kerep di mungsuhi karo kurawa lantaran sengit ambi ngastina. Gendari biso senget ambi ngastina lantaran, biyen Raden Pandudewanata ora mileh Gendari seng dipek bojo amergo kwi Gendari senget lan ngewanti-wani nek anake bakal ngorak arek ngastina lan ora bakal akur Kurawa lan Pandawa.
Bareng Pandawa kalah dadu, para Pandawa diwenehi hukuman yaiku dikon lungo nyang alas gedhe seng jenenge alas gede Kamiyaka ora oleh bali nganti 12 tahun. Sakteruse di kei ganjaran maneh nyamar dadi wong susah uripe kurang ing negari Wirata. Bareng wes entek ganjarane pas dadu dekemben Pandawa bali muleh niliki omahe.
Seng jenenge pendawa yaiku mau nuntut jaluk warisan wongtuane. Para kurawa ora ngulungake utowo ora menehne. Pungkasane dadi perang gedhe kang diarani perang Barathayudha Jayabinangun. Perang rebutan warisan jalaran padha murkane.
b.    Ingkang Tumut Perang Lan Korban Perang Brotoyudho
Ingkang tumut perang yaiku putra prabu Pandu, Pandawa Lima lan sekutune dipimpin Yudistira lan putra Raden Destarasta satus Bala Kurawa ingkang dipimpin Duryodono.
a.       Komandone Pandawa yaiku, Drestadyumna, Resi Seta, Gathotkaca, Arjuna, Bima, Satyaki, Abimanyu.
b.      Komandone Kurawa yaiku, Bisma, Drona, Karna, Salya, Aswatama, Dursasana, Duryudana.
Korban,
1.      Pandawa, kabeh prajurit podho mati, kari 7 senopati seng jek urip yaiku Pandawa, Yuyutsu, lan Satyaki,
2.      Kurawa, kabeh prajurite gabung melu Pandawa. Kari 3 senopati seng ijek urip yaiku Aswatama, Krepa, lan Kertawarm. Pas peperangan Duryudana dikabarke mati pas digoleki mayite durung ketemu.

c.    Pandawa Ngamuk Mergo Ngastina di Cekel Kurawa
Para Pandawa ngerti nek Ngastina ora bakal di balekne nyang Pandawa, amergo iku Pandawa bentuk pimpinane perang yaiku Resi Seta lan pendampinge Resi Seta yaiku sayap tengen Arya utara lan sayap kiwo Arya Wiratsangka. Telung kesatrio yaiku mau wes diakui tangguh ing kerajaan Wirata sehingga melu perang dukung Pandawa. Pandawa ngiwiti perang nganggo siasat brajatikswa seng artine nganggo gaman seng landep dienggo mateni Kurawa.
Saklanjute para Kurawa ngangkat pimpinan perang yaiku Resi Bisma ngejak bolo seng jenenge pendeta Drona lan prabu salya, yaiku raja kerajaan Mandaraka seng dukung Kurawa. Kurawa nganggo teknik perang yaiku Wukirjaladri seng artine gunung samudra. Waktu perang Arya Utara mati neng tangan Prabu Salya sakteruse Arya Wratsangka mati nggone Pendeta Drona. Bisma nganggo gaman Aji Nagakruraya, Aji Dahana, panah Naracabala, Panah kyai Cundarawa, lan gaman Kyai Salukat, perang karo Resi Seta nganggo gaman gada Kyai Lukitapati, neruske nyang matine seng nyedaki deke. Perang padha tangguhe dilakokke imbang amerga pada kuate lan apek, sehingga akhire Bisma bisa ngerampungake perang Resi Seta mati.
Bareng pimpinan perang Pandawa mati lan kepercayaane mati. Pandawa sakteruse ngangkat Drestadyumna dadi pemimpin perang. Selanjute Bisma tetep dadi pemimpin perang. Sakteruse antara pandawa ambi kurawa nganggo siasat perang seng podho yaiku Garuda terbang.
Pas tempur bolo kurawa Wikataboma lan kembarane, Bomawikata, mati sakbare sirahe diadu Bima. Sementoro iku rojone sekutu Kurawa mati pas tempur. yaiku Prabu Sumarma, raja Trigartapura mati neng tangan Bima, Prabu Dirgantara mati neg Arya Satyaki, Prabu Dirgandana mati ning tangan Arya Sangasanga (putra Setyaki), Prabu Dirgasara lan Surasudirga mati ning tangan Gatotkaca, lan Prabu Malawapati, raja Malawa mati kenek panah Hrudadali duweke Arjuna.
Bisma ngerti koncone podo mati mulakno deke melaju perang, sakteruse Bima ngempur mungsuhe lan nandingi seng dihadepi. Merga diwenehi weruh Kresna, Pandawa langsung ngirem Dewi Wara Srikandi melaju perang ngadepi Bisma. Senajan tekone prajurit wanita iku, Bisma kroso nek deke biyen dikutuk bakal mati neng tangane bojone dewe, amergi biyen Bismo mateni Dewi Amba. Bisma sido mati neng tangane bojone nganggo perantoro pananhe Arjuna.
Senajan Kurawa wes bingung amergo prajurite podho gugur. Prabu Duryudana murka tetep ora gelem mbalekake tahtane Pandawa. Negari Ngastina sanajan mung dijaluk separo negara. Prabu Puntadewa ya murka, wis duwe negara isih kemelikan njaluk negara warisan pungkasane perang Barathayudha ijek terus. Duryudhana melu perang lan Duryudana dikabarke mati neng pertempuran. Kabare Duryudana mati sehinggo Pandawa goleki mayite, tapi ora ketemu.
d.    Akhire Pandawa lan Kurawa
1.      Pandawa wes ngerasakake merga perang wes numpakake geteh ingkah taksih gadah gandenge kaleh sedulur geh puniko kaleh kurawa
2.      Amerga perang sedulure Pandawa, prajurit lan senopati-senopatine mati mbela Pandawa
3.      Bareng wes perang rampung Pandawa pengen mbalekne suasano, nggolek dalan seng alus ben ora numpahake geteh meneh
4.      Pandawa ngerasa nek wes durhaka ambi wongtuane seng wes ngedidik ket cilik, meskio ditinggal mati Prabu Pandu lan kedaden perang sedulur seng ora di karepake iki seng di arani Perang Bratayudh.

C.           Sakbare Perang Bratayudha Jayabinangun
a.      Akhir Perang Bratayudha Jayabinangun
1.      Prabu Puntadewa diserang Prabu Salya
Prabu Puntadewa diserang Prabu Salya ngiwiti perang. Prabu Salya duwe aji-aji seng jenenge candhabhirawa yaiku aji-aji seng biso ngetokake bongso dedemit ingkang kerdil lanbiso tambah akeh. Prabu Puntadewa, prajurit-prajurite wes rapet lan sinopati yaiku Arjuna lan Werkudara wes ngamanke Prabu Puntadew, sakteruse paraparjurite Puntadewa lan senopatine ngeculake panah ingkang banter kemricik koyo miline banyu udan sehingga panah kuwi mau ngeneki poro candhabhirawa.
Candhabirawa mecah dadi atusan utawa ewon amergi kenek panah prajurite puntadewa. Para prajurite bingung lan podho mlayu amerga keweden kokbisa dadi semono akehe, lan Kresno meling nyang prajurit-prajurit ojo diterusake lehmu nyerang poro Candhabirawa. Banjur seranganne prajurit kimau wes mandhek. Para candhabirawa melu ngndhekke serangan mergo ngerti prajurite puntadewa ngendhekke serangan.
Sakbare kwi mau para candahabirawa kelingan marang sesembahane biyen nek Prabu Puntadewa kwi sesembahan engkang sabar lan tresna marang sengdi duweki. Bareng candhabirawa kelingan nek prabu salya wes ratau gelem ngerukun dheke, candrabirawa pindah lan mlebu ragatte prabu puntadewa. Bareng prabu Salya weruh nek aji-ajine pindah nyang mungsuhe, salya ngamuk lan peteng atine.
Prabu Puntadewa nyiapke panah pusako Jamus Kalimasaddo di luncurake panah nyang dodone Salya, sehingga salya ambruk kenekan panah Prabu punta. Banjur prabu salya wes ketancep panah. Salya mati neng duwure gajah seng wes mati.
2.      Sengkuni Mati Neng Tangan Werkudara
Arya Sengkuni ngamuk lan golek perhatiane Prabu Kresna lan Werkudara seng siaga hadepi suasana seng bakal kedaden. Breng sengkuni ngamuk Werkudara maju ngeladeni arya sengkuni, Werkudara di cegat kurawa seng kari 20 mau banjur di amuk werkudara kurawa lebur ajur lan Sengkuni di cekel sikila sirahe enek ngsor lan werkudara ngtokne aji kukune seng diarani kuku pancanaka. Sakbare kuwi Sengkuni di sigar awake lan mati neng tangane Wekudara.
3.      Prabu Kresna nggoleki Baladewa
Esuk-esuk prabu kresna wes siap arep mangkat nyang pertapaane Baladewa, tekan neng pertapaan Kresna bisikne ajipameling. Baladewa tangi lan takon kabare pendawa lan kurawa. Bareng Baladewa ngerti nek Kurawa wes entek-entekan amerga perang sedulur. Kresna ngejak Baladewa nggoleki Duryudana seng wes dikabarke mati tapi jasadte durung ketemu. Duryudhana yaiku adine Baladewa.

4.      Duryudana Dhelek Lantaran Wedi Mati
Baladewa lan Kresna mlaku ngubengi kali, Kresna weruh Gajah seng gon awake enek klambina lan ghamene prabu duryudana. Sakteruse Kresna meling nyang Baladewa nek duryudhana delek ono kali. Baladewa nyeluki Duryudana, lan ngejak muleh bali nyang ngastina. Lantaran atine Duryudana murka amerga kesombongane, Duryudana ora trima nek ngastina di ikhlaske nyang Duryudana lantaran Pandawa wes pengen sedulure phada apek. Duryudana nekat jaluk perang, mungsuh seng imbang ambi dheke yaiku Werkudara.
b.      Duryudhana Ngiwiti Perang Ambi Werkudhara lan Kalahe Duryudhana neng tangane Werkudhara
1.      Duryudhana Perang Tanding Marang Werkudhara
Duryudhana wes siap ngadhepi werkudhara seng ket mau wes siap nampo aji-ajine duryudhana. Sakteruse duryudhana nyamber werkudhara nganggo penggada, werkudhara mlaku nyamping lan ngerti nek duryudhana wes ngiwiti perang mulakna werkudhara siap nganggo ajian bandung bandhawasa yaiku ilmu seng ngelindungi wujud gadagne. Banjur duryudhana nyerang terus ajiane werkudhara bandung bandhawasa iku seng gawe merisai awake wes arep ambyar. Ilmune duryudhana kawujud koyo pusarane angin seng keno ngulu werukhara.
Werukdhara ket mau wes njajaki ilmune duryudhana nganti antemanne ilmune wong loro kimau kewujud angin gedhe seng gawe werkudhara melbu pusarane angin. Bareng perang wes padha ngetokne ajiane. Banjur duryudhana nyolot munggah sikile kenek ghadane werkudhara seng abote kaya gunung di rangkep telu. Duryudhana mati ketiban ghadane werkudhara.
c.        Rampung Perang Bratayuha Jayabinangun
Sakbare perang lan Werkudhara wes ngalahke Duryudhana seng wes awake remuk ajur lan duryudhana dimakamke. Pandawa bali nyang panggone gek ngerembuk makmure negari Ngastina lan Kurawa sakbare ngerebutake seng wes nglibatke pembantean poro sedulure.



BAB III
NUTUPKE

NYIMPULAKE
Perang Brathayudha Jayabinangun bisadiartek ake perang sedulur amerga ngerebutake warisane phara wongtuane yaiku ngastina lan kurawa. Amergha wongtuane Pandawa yaiku Prabu Pandudewanata mati ghek ngastina di pasrahke kurawa dichekel Prabu Destarastra perjanjianne nek Pandawa wes gedhe arep dibalekake nyang pandawa. Lantaran Kurawa ora seneng ambi pandawa, bareng pandawa wes gedhe jaluk warisane wongtuane bali tapi ra diwenehke nyang kurawa banjur kedaden perang yaiku perang bratayudha.
Akheh seng mati neng perang, yaiku ewonan prajurit antara Pandawa lan Kurawa padha mati lantaran bela Kurawa, Patih lan senapatine ugha akeh seng mati. Perang Bratayudha kwi mau wes takdirke bakal kelaksano amerga kwi wes thakdire Dewa seng rakena dibatalake. Kurawa seng cacahe ana satus yaiku mau kalah ambi Pandawa seng cacahe ana lima. Akhire kuncine negari ngastina lan kurawa yaiku Prabu Duryudhana di goleki lan bareng ketemu karepe pandawa arep ngjak damai, nanging Duryudana ora gelem. Dadine Duryudana ngjak perang Pandawa ijen ngejak Werkudhara, bareng perang Duryudhana khenekan ghadane Werkudhara sehingga mati. Sakbare kwi Pandawa menang lan nyekel Ngastina lan Kurawa.








RIWAYATE DHALANG Olehe SUMBER
PERANG BRATAYUDHA JAYABINANGUN
Kiy Dalang Wakiman yaiku dhalang ingkhang wonten telathah Desa Punung, Kecamatan Punung, Dusun Margoreja. Kiy Dhalang Wakiman yaiku dhalang kagem ruwatan, ngeresiki pekarangan lan ngusir sengkhala. Mbah Wakiman niki mboten kondang kayo dhalang-dhalang liyana amergi keterbatasane alat, nanging saking bapake riyen diwarisaken wayang radi komplit, nanging sakiniki sampun lawas. Dhalang niki  saking riyen sampun turun temurun, kiwit wongtuane takseh sugheng sampun nglaksanakaken dhalang, ampuhe dienghe ngruwat lang ngilangi sengkala, bareng wongtuane sampun sedha bakatthe dhalang diwareske nyang anake yaiku mbah Wakiman. Kiy dhalang Wakiman niki tiange sampun sepuh, saben dinana diaghem datheng whono. Kiy dhalang wakiman sakniki mboten wonten ingkang nerusake bakate dhalang amergi putra-putrane mboten wonthen seng purun.